Jumat, 26 Mei 2017

Tuladha pidato basa jawa pamiting jenazah



MAMITTAKEN PAMETAKING LAYON
Assalamualaikum wrwb.
Kaporwakan kanthi nglkuhuraken ASMA Alloh ingkang maha tresna welas lan asih, kanthi pangajab kasugengan kabagyan miwah karahayon tansah kajiwa lan kasarira dumateng paduka miwah kula.

Lankung rumiyin kula nyuwun agunging pangaksami awit anngen kawula kumawantun ngadek wonten ngarsa panjenengan sedaya munggel pangandikan hanyaruwi kamardikan rikalanipun bapak / ibu sagung takziyah katemben sekeca lenggah sinambi pangandikan awit kawula ingkang tinuding saking brayat ageng bapak ……… ingkang nandang dhukita awit kapedotan katresnan katilar dening ………ingkang sampun katimbalan kanthi murut ( pisowanan ) kasedan jati rikala dinten …… surya ….. jam ……

Sagung takziyah ingkang kinormatan, awit saking keluarga keparenga kula hangaturaken :
1.      Pambagyo kawilujengan sugeng siang sugeng rawuh wonten ing papanipun bp……..ingkang nandang dhukita lan ugi awit saking brayat nyuwunaken ageninging pangapunten dating sagung takziyah mbokbilih anggenipun caos papan pilenggahan  miwah bab – bab sanesipun dadosaken kirang nuju prana dating ngarso panjenengan sedaya. Lan ugi keluarga mboten saget jawat asta setunggal saha setunggalipun awit kapurba dening suasana.
2.      Ngaturaken angenging matur nuwun awit pejenengan sedaya sampung kapereng paring pambela sungkawa dating brayat ageng bp….ingkang nandang dhukita, awit katilar ingkang garwa ……. Estonipun keluarga mboten kirang – kirang anggenipun ngupadi murih sageta waluya temahing jati wiwit saking griya ngantos dudmugi griya sakit bebasan ngantos tepung gelang naming gusti Alloh sampung kepareng animbali dating pangayunanIpun.
3.      Awit saking keluarga mbokbilih sagung takziyah miwah para sederek taksih kagungan tanggel jawab utawi pepetangan,  kasuwun sesambeten kalian keluarga saha keluarga taksih sagah ngrampitaken. Ewadene sagung takziyah miwah para sederek ngeklasaken, awit keluarga nngaturaken matur nuwun ingkang tanpa pepindan.
4.      Keluarga ugi ngaturaken agunging matur nuwun dating sanak sederek miwah tingga tepalih ingkang sampung pairng pambiyantu arupi menapa k e mawon ingkang mboten saget kawula piji setunggal saha setungalipun wiwit suawrgi nandang gerah ngatos dudmugi wekdal menika kula naming saget dedonga mugi – mugi amal kesaenenan penjenengan sedaya pikantuk lelintu ingkang murwat ( sebanding ) saking ngarsa dalem Alloh.
5.      Kapereng naturaken pawartos ringkes, rikala sugengipun suwargi ……..bilih suwargi ……katimbalan sowan dating ngarsanipun Alloh dumugi yuswa …….lantaran gerah sepuh wonten ing …….. Kanthi kaparingan putra …..saking putra kasebat caos pisungsung ( mempersembahkan ) wayah gunggung……….. Kanthi mekaten mbokbilih sak dangunipun sami srawung kalian para sederek miwah tangga tepalih pinanggih cacad miwah damel kuciwa ugi – mugi panjenengan sedaya kersaa paring pangapunten kanthi pangjab saget anjalari suwargi ……dipun apunten sedaya dosa kalepatanipun lan pikantuk margi ingkang fajar anggenipun sowan dating ngarsa dalem Alloh. Lan keluarga ingkang tinilar mugi – mugi tansah kaparingan iman dan taqwa sahingga kiat lan tabah nampi pacoben menika.
6.      Dateng para sederek miwah sagung takziyah ingkang bagya mulya rehne upacara pamnetaking ponang ( menunjuk ke pribadi ) layon sampun samekta mbokbilih penjenengan sedaya sepen ing karepotan kasuwun nderekaken dumugi wonten ing papan pesarean inggih menika wonten ing sasana laya …….kirang langkung ….. meter saking wisma dhukita menika. Ewadene bapak ibu inbgkang taksih kagungan karepotran lan kpareng bade kondur awit keluarga naming nderekaken sungeng tindak lan matur  nuwun, lan kagem para sederek mslim miin ingkang wonten ing dusun menika kasuwun jurunganipun ngoas doa tahlil ngantos dumugi 3 dintenipun.

Mekaten anggen kawula matur awit saking brayat ageng bp……… mbokbilih pinanggih sewu lepat anggen kawula matur kula tansah nyuwun agenging pangaksami.

Wassalamu’alaikum wr. wb


Tidak ada komentar:

Posting Komentar